Tengah wengi...
dak rungu tangising ati.
dak lelo-lelo...
ning rabiso nompo,
malah mung tambah nelongso.
geneyo...
ragelem kirim pawarto ?
nadyan mung sak ukoro...
wus keno kanggo tombo
Sabtu, 14 November 2009
Wuyung 2
Mbuh....geneyo,
tan keno cinidro...
yen jroning tyas kroso lara...
ketaman asmoro sing lagi ndodro ...
koyo rikolo isih joko !
tan keno cinidro...
yen jroning tyas kroso lara...
ketaman asmoro sing lagi ndodro ...
koyo rikolo isih joko !
Wuyung 1
Wengi sing nglangut....
koyo nglangute mongso ketiga ing warso iki,
sing ngenteni tumibaning tirto udan....ning muspro.!
Wengi sing dowo....
koyo dowone pangangen-angen sing lagi kesikso .!
Wengi sing suwe....
koyo suwene ngenteni pawarto sing rateko-teko,
pinongko tondho trisno...
koyo nglangute mongso ketiga ing warso iki,
sing ngenteni tumibaning tirto udan....ning muspro.!
Wengi sing dowo....
koyo dowone pangangen-angen sing lagi kesikso .!
Wengi sing suwe....
koyo suwene ngenteni pawarto sing rateko-teko,
pinongko tondho trisno...
Rabu, 01 Juli 2009
Welinge Bopo
rikolo wengi wus lumaku
sirep kayon wus katon...
bopo takon...,
opo siro wus duwe wewaler ing lakon ?
ojo rumongso pinter, ...ning pintero rumongso
ojo rumongso gedhe, ...ning gedheyo rumongso
yen siro wedi , ojo wani-wani
ning.....
yen siro wani ,ojo wedi-wedi !
ojo nggetuni samubarang kang wus kelakon,
lan .....
ojo wedi samubarang sing isih ono awang-awang.
golekono opo sejatine " urip ",
lan kanggo opo " urip " iku ?
angin wengi sirep kayon,
anyep njejeb ....asrep...srep
tan rinoso tetesing waspo....
eling marang bopo,
jebul wus pitung warso....bopo ora ono...!
sirep kayon wus katon...
bopo takon...,
opo siro wus duwe wewaler ing lakon ?
ojo rumongso pinter, ...ning pintero rumongso
ojo rumongso gedhe, ...ning gedheyo rumongso
yen siro wedi , ojo wani-wani
ning.....
yen siro wani ,ojo wedi-wedi !
ojo nggetuni samubarang kang wus kelakon,
lan .....
ojo wedi samubarang sing isih ono awang-awang.
golekono opo sejatine " urip ",
lan kanggo opo " urip " iku ?
angin wengi sirep kayon,
anyep njejeb ....asrep...srep
tan rinoso tetesing waspo....
eling marang bopo,
jebul wus pitung warso....bopo ora ono...!
Minggu, 21 Juni 2009
Iqro'
Alloh telah menyeru kepada umatnya untuk " Iqro' " ( membaca ) . Lalu apa yang kita lakukan dengan perintah Iqro' itu !Ya memang masih banyak orang yang belum paham dengan perintah ini.Banyak yang memahaminya dengan makna membaca ( Alquran ).Bagi saya pribadi jauh lebih daripada membaca ( suatu tuliasan : Quran atau lainnya ). Lebih dari itu "bacalah" segala ciptaaNya dan semua "kejadian" yang telah ada dimuka bumi ini.Jika kita bisa memaknainya, Insya Alloh kita akan selamat dunia dan akhirat .!
Senin, 25 Mei 2009
Pepadang Jroning Peteng
yen ono padang
mesti iku jalaran ono peteng.
sawise padang ,
banjur teko ing peteng..!
yen ono ing padang , ojo golek peteng,
ning elingo
rikolo peteng , sejatine ono pepadang...,
bukaken ....pepadanging Gusti
jroning ati.......!
mesti iku jalaran ono peteng.
sawise padang ,
banjur teko ing peteng..!
yen ono ing padang , ojo golek peteng,
ning elingo
rikolo peteng , sejatine ono pepadang...,
bukaken ....pepadanging Gusti
jroning ati.......!
Jumat, 03 April 2009
Geguritan Wengi.
dak rakit sing ono jroning nala,
ben ra gawe lara bronto lan raga
''tan keno dak selaki nggonku tresno,
koyo-koyo ra biso urip tanpo sliro",
ning,......
geneyo sliramu rabiso ngerti
opo kang ono jroning ati iki
( kanggone mboke thole lan sendhuk )
ben ra gawe lara bronto lan raga
''tan keno dak selaki nggonku tresno,
koyo-koyo ra biso urip tanpo sliro",
ning,......
geneyo sliramu rabiso ngerti
opo kang ono jroning ati iki
( kanggone mboke thole lan sendhuk )
Langganan:
Postingan (Atom)
