Senin, 25 April 2011

Kacau




menunggu




tapi tak tahu...




siapa tahu...




entah, ...apa/




anakku....cari ujian...




cari sekolah....




harapan...




tentang siapa...




aku tak tahu








menunggu




...apa ..?




serba tak menentu....




entah.....




kacau...!!!!!




Rodho

wiwit biyen
rodho iku bunder,
mlaku munyer....
kadhang alon...., kadang seser...
kadhang ono ngisor...kadhang ono ndhuwur....

rodho....
koyo munyere urip....
koyo munyere nasib....!

rodho....
kanggo teteling
ben ra lali...
yen nasib kuwi ora mesthi.....
mulo jo podho kemlinthi....!

Rabu, 02 Maret 2011

Esuk iki

Esuk iki ora koyo wingi uni
tansah seneng nompo nugrahaning Gusti...
mulo tansah memuji
kanthi tulusing ati.....!

Esuk iki ora koyo wingi uni
manuk prenjak ugi podho muni
tansah hangiwi-iwi
koyo ngopo bungahing ati.

Yoben....
dene aku ugo duweni
opo kang tompo mau bengi
teko sigarane ati.....

Ah.....
endah ....tur edipeni....!

Simbok

Kulo raos kanthi batos
yuswo ingkang sampun kapecak...
kliwat wolungdoso warso,
kadyo suryo ing wanci sore
rumambat ngilen ...
sumburat warni abrit..
badhe magrib....

Duh Gusti.....Panguaosing jagat
gemeter raosing batos
ngulat sariraning simbok...
ingkang sapun ringkih.

Duh Gusti.....ingkang Mohomirah..
nyuwun tambahing berkah
kegem simbok
........................

Minggu, 07 November 2010

Tutur Tinular

Tuturo sabiso-biso
kanggo teken ing lelunyu
mring sanak putu..
ben ora podho keplayu
tindak laku sing saru..!
Tinularno pituturmu
sadowone dalan uripmu
tan keno noleh lan waleh
nganti tumoto kabeh
Yo....
pancen abot tur angel....
koyo nggujer ilining bayu
semilir.......
mung keno rinoso ing kalbu

Unpredictable......!

Life is a choice
life is a journey...
and the journey is so long.....and away...
till you can't see something.

You will reach a place
where you will meet something ...
can't be spoken...
can't be expressed...
and....can't be touched....!

Oooohhhhh.....!

Kanggo Sliramu

Rikolo gremis nelesi wuwung
angin wengi mlumpat jendelo
nggugah angen-angen
nrawang .......adoohhh....
rikolo semono

ngangsu kawruh
isih sarwo ewuh....
lan pakewuh.....

dak sawang kanthi mripate ati
yen sliramu wanito kang edi,
...tur..... suci....
njur tak patri
jroning ati...

dino iki wis telulikur warso
sliramu dak rekso
minongko garwo
ojo goreh,
ojo noleh....
aku ora bakal waleh.....!